Cerita Damarsandi sebenarnya adalah cerita yang berjudul Damarwulan. Dengan tujuan menarik penonton dan membuat cerita lebih bervariatif maka kami mengganti nama Damarwulan menjadi Damarsandi. Adapun isi cerita di didalamnya tidak berubah. Semoga tulisan saya ini dapat membantu temen - teman dalam menyelesaikan tugas menulis/membuat naskah drama bahasa jawa dengan menjadikan tulisan ini sebagai referensi .
Disusun
oleh ( SMA NEGERI 2 PURWOKERTO / XII-A1) :
1.
Ahmad
Wafi ibnu Zahi
2.
Andrian
Izza Prayudhi
3.
Ella
wulandari
4.
Haryo
Damar S.
5.
Isnaini
R.
6.
Lanina
Adelate Uchi P.
7.
Putri
Repti F.
8.
Yafi
SCENE
1.
Dipunwiwiti saking duginipun
Damarsandi dhateng Majapahit.
NARATOR
Damarsandi inggih punika
putra salah satunggaling putra bekas patih Majapahit inggih punika Udara.
Piyambakipun dipunlairaken kaliyan dipun openi wonten ing dusun paluhamba
kaliyan ibu lan eyang kakung Begawan Mustika Maya miturut wejangan eyang
kakungipun piyambakipun kesah dhumateng istana Majapahit madosi pedamelan.
Wonten ing mrika piyambakipun ngabdi dhumateng pak lik’ipun patih Logender
Patih Logender : “Dadi kowe sing jenenge Damarsandi
sekang paluhamba?”
Damarsandi : “Inggih leres Paduka Patih, kula Damarsandi
saking Pertapaan Paluhamba”
Patih Logender : “Yawis rapapa Damarsandi, apa tujuane rika
maring Majapahit lan nggo ngapa nemoni
enyong?”
Damarsandi : “Kula badhe kepanggih panjenengan amargi pikantuk
wejangan saking eyang Begawan Paluhamba supados pikantuk pengalaman gesang
wonten ing gesang punika langkung kathah.”
Patih Logender : “Damarsandi ngabdi ing Majapahit iku ora
segampang ngewalik telapak tangan. Apa rika gelem karo pegawean sing arep nyong
wenei mengko?”
Damarsandi : “Punapa pedamelan punika paduka patih? Kula
badhe ngelampahi pedamalen punika kanthi
sae”
Patih Logender : “ Pegawean sing bakal nyong wenei kuwe dadi
tukang kebon lan jaga jaran. Kepriwe Damarsandi?”
Damarsandi : “Inggih Paduka Patih, menawi kedah dados
tukang kebon kaliyan njagi jaran nggih mboten napa napa, kula badhe ngelampahi
titah panjenengan”
Patih Logender : “ Wis lah apik nek kaya kue tah Damarsandi,
kowe bener bener satriya sejati, ora isin karo pegawean sing dianggep hina.”
Damarsandi : “Sak punika punapa ingkang kedah kula
tindakaken”
Patih Logender : “Lakokna bae tugasmu sing nyong
prentah .”
Damarsandi : “Inggih Paduka Patih.”
Scene
2.
Narator : ‘’Patih Logender, ingkang mboten
ngersaaken Damarsandi saingan kaliyan putra putri piyambakipun. Pungkasanipun
piyambakipun netepaken Damarsandi dados tukang kebon. Wonten ing pengabdianipun
Damarsandi, senajan teksih ponakanipun piyambak, Damarsandi dipunanggep kados budak, nampi siksa kaliyan
hinaan. Punapa malih dipuntambah kaliyan kalih putranipun Patih Logender,
Layang Seto ingkang mboten remen kaliyan Damarsandi, kajawi dewi Anjasmara
putri Patih Logender ingkang tresna kaliyan Damarsandi saking pandangan ingkang
kaping sepindah.
Layang Seto : “Hei koe, batur kerajaan sing anyar.
Kenagapa jaranku durung diwenehi paNgan? Koe pengin jaran-jaranku mati apa?”
(jengkel)
Damarsandi : “Nyuwun pangapunten tuan, kula tembe
kemawon resik – resik kaliyan dereng
wonten wekdal maringi pakan jaran-jaran punika.”
Layang Seto : “Ohh nyong kue anake Patih Logender dadi koe
kudu nuruti perentahe enyong ngerti?’
Damarsandi : “Inggih paduka kula mangertos” (Layang Seto
lunga)
Anjasmara (sedang
berjalan tidak segaja ketemu Damarsandi)
Anjasmara : “Sapa wong nom kuwi? Gagah tenan ya”
(ngampiri Damarsandi)
SCENE
3
NARATOR
Wiwit
pepanggihan wekdal punika, Damarsandi kaliyan Anjasmara sangsaya rumaket lan
saling tresna. Ananging, Patih Logender mboten maringi pangestu dhumateng
Anjasmara kaliyan Damarsandi. Ananging saking tresnanipun Anjasmara dhateng Damarsandi,
Patih Logender dados sarujuk.
Sawetawis
wekdal punika, Kerajaan Majapahit wonten pemberontakan Minakjingga, Adipati
Blambangan, ngendhika menawi piyambakipun
Raja ingkang gelaripun Prabu Urubisma. Pemberontakan punika dipunsebabaken Minakjingga
ngersakaken Ratu Ayu Kencana Wungu dados garwanipun, ananging Ratu Ayu Kencana
Wungu mboten kersa amargi Minakjingga kados raksesa kaliyan badhe ngrebat
kerajaan.
Minakjingga : “Ratu Ayu Kencana Wungu nyong teka arep
nglamar kowe. Gelem ora kowe nerima lamaranku?’’
Ratu Ayu :” Kepripun punika Paman Patih? Punapa
ingkang kedah kula tindakaken nampi utawi reject lamaranipun Adipati Blambangan
?”.
Patih Logender :”Nyuwun pangapunten Gusti Ratu,
miturut kula lamaran Adipati Blambangan dipunreject mawon. Wonten kalih alesan
saking kula, ingkang sepindhah amargi sederengipun lamaran Blambangan sampun
nguasai wilayah Majapahit wonten ing
wetan, ingkang kaping kalih ingkang dipuntindakaken Adipati Blambangan ingkang
nentang pemerintah.
Ratu Ayu Kencana Wungu :
“Nggih Patih, kedahipun kula mboten nampi lamaran Minakjingga”
(Menemui Minakjingga)
Ratu Ayu Kencana Wungu:
“Pangapuntenipun Adipati kula mboten saged nampi lamaran panjenengan”
Minakjingga : (nesu) “Halah. Kowe wani nolak lamaranku,
kiye kuwe penghinaan nggo inyong. Nyong ora terima”
Ratu Ayu Kencana Wungu:
“Ngapunten Adipati, maksud kula mboten nolak lamaranipun panjenengan, ananging
kula mboten saged nampi lamaran panjenengan”
Minakjingga : “Halah. Akeh alesan kowe, aku bakal mrentahke
rakyat Blambangan kanggo nyerang Majapahit. Tunggu bae mengko!”
SCENE 4
SCENE 4
NARATOR
Minakjingga
sampun sedya kangge perang nglawan Majapahit.
Ananging, Ratu Ayu Kencana Wungu ing Majapahit malah ngawontenaken musyawarah
kangge mbahas ancaman kaliyan pinangan Minakjingga saking Blambangan.
Pungkasanipun Ratu Ayu Kencana Wungu ngawontenaken sayembara kangge ngawonaken Minakjingga.
Sinten ingkang saged ngawonaken bakal dipundadosaken garwa.
Layang Seta : “Paduka Ratu, kedahipun kita ngrembag kekiyatan
pasukan kangge nggempur Blambangan. Kaliyan kados pundi menawi kita nyuwun
pitulungan negari tangga, kados kerajaan Sriwijaya utawi Kerajaan Sunda kangge
ngawonaken pemberontakan Blambangan.”
Ratu Ayu Kencana Wungu:
“Lajeng kados pundi pak lik Patih Logender?”
Patih Logender : “Kados punika,
Gusti Ratu. Sesampunipun mirengaken pinten-pinten panemu, kulo nyimpulaken
menawi prang ageng mboten saged dipun tindakaken. Kados pundi menawi kita
ngawontenaken sayembara, Gusti Ratu?”
Ratu Ayu Kencana Wungu :
“Sayembara? Sayembara kados punapa Patih?”
Patih Logender : “Kados punika,
sinten kemawon ingkang saged ngawontenaken Minakjingga, menawi piyambekipun
jaler badhe dipun dadosaken garwanipun Gusti Ratu kaliyan menawi estri bakal
dipundadosaken sederek.”
Ratu Ayu Kencana Wungu :
(meneng) “Patih, sesampunipun kula pikir-pikir mboten wonten margi ingkang
langkung sae malih, pramila kula nampi pamanggihipun Gusti Patih. Menawi kados punika
lungao lan sebarna sayembara iki maring rakyat Majapahit.
Layang seto : “Sendiko dawuh
Gusti Ratu”
Scene
5
Narator : Sayembara sampun
dipun umumaken dhumateng sedaya rakyat Majapahit. Mboten wonten setunggalipun
ingkang saged ngawonaken Minakjinggo. Dumugi setunggaling dalu Gusti Ratu
pikantuk wahyu menawi ingkang saged ngawonaken Minakjinggo inggih punika lare
jaler ingkang naminipun Damarsandi.
Damarsandi : “Ngapunten Gusti
Ratu, wonten punapa Gusti Ratu nimbali kula ?”
Ratu Ayu Kencana Wungu : “
Aku ngundang kowe maring ngeneh kanggo wei tugas.”
Damarsandi : “Ngapunten gusti tugas punapa
nika ?”
Ratu Ayu Kencana Wungu : “
Tugasmu kuwe ngalahna Minak Jinggo lan nggawakna Minak Jinggo maring ngeneh
mati utawa urip.”
Damarsandi : “Sendika Dawuh.”
Narator : Damarsandi kesah madosi
Anjasmara.
Damarsandi : “Adinda ...”
Anjasmara : “Ingih Kangmas. Wonten punapa kang mas
madosi kula ???”
Damarsandi : “ Kang Mas nyuwun pamit badhe mlampahaken
tugas.”
Anjasmara : “Kang mas .... Kang Mas.. ( nanging )”
(
Neni Nyanyi )
Narator : Damarsandi kesah nyusup dateng
Blambangan. Ananging mendel – mendel piyambakipun ndhereki kaliyan anak Patih
Logender ingkang badhe nyelakaken Damarsandi, ngantos Damarsandi dugi wonten
ing Blambangan.
Damarsandi : “He.... Minakjinggo nek wani ngeneh lawan
inyong”
Minak Jinggo : “
hahahahahaahahahahahahah............................. Ora nana gunane kowe
maring ngeneh Damarsandi, kowe ra bakal bisa ngalahna nyong ( karo ndelengna
Gada wesi kuning)
( tarung antarae Damarsandi
karo Minak Jinggo )
Narator
Ujug – ujug garwanipun Minakjingga, Dewi
Wahita kesemsem ningali pasuryaning Damarsandi. Piyambakipun nambani tatunipun Damarsandi
kaliyan ngendika rahasia kasektenipun Minakjingga.
Dewi Wahita : “Kakiyatipun Minakjinggo wonten ing gada wesi
kuning. Piyambakipun mboten saged napa -
napa menawi mboten wonten gadanipun”
Damarsandi : “Lajeng kados pundi kula saged ngrebat
pusakanipun ?”
Dewi Wahita : “ Kula bakal paring pambiyantu kangge ngrebat
pusakanipun.”
Dalemipun, Dewi Wahita nyolong pusaka gandha wesi kuning
nalika Minakjingga sare. Pusaka punika lanjeng dipun paringaken dhumateng dhamar
wulan. Minakjingga kaget pirsa pusakanipun sampun dipuncekel kaliyan Damarsandi.
Minakjingga : “Damarsandi! Deneng koe bisa entuk
senjataku? Damarsandi langsung nyerang Minakjingga.
Pungkasanipun Minakjingga seda amargi pusakanipun piyambak. Damarsandi lajeng
menggal mustakanipun Minakjingga kangge dipunparingaken dhumateng Ratu Ayu
Kencana Wungu.
Layang Seto : “ Hai Damarsandi! Serahna sirahe Minakjingga.”
Damarsandi : “Ora bakal aku serahna!”
Prang tandhing antawisipun Layang Seto kaliyan Damarsandi
ingkang badhe ngrebat mustakanipun Minakjingga dipungkasi seri. Lajeng
mustakanipun dipunbekta dhateng Majapahit. Ijig-ijig Damarsandi dhateng kaliyan
sanjang ingkang leres.
Ratu Ayu Kencana Wungu : “Sakpunika kula kepengin bukti
ingkang jelas. Sinten ke mawon ingkang menang mesti ingkang saged ngawonaken Minakjingga.”
Pungkasanipun perang punika dipunmenangaken kaliyan Damarsandi.
Layang Seto pungkasanipun nyuwun pangapunten kaliyan dipun lebetaken wonten ing
penjara.
Ratu ayu Kencana Wungu :
“Sakpunika kita sampun mangertos pemenangipun, lajeng bakal kula paringi Damarsandi gelar raja Majapahit
kaliyan dados garwanipun kula.”
Damarsandi : “Nyuwun pangapunen sederengipun Gusti Ratu,
kados pundi kaliyan Putri Anjasmara kaliyan Dewi Wahita?”
Ratu Ayu Kencana Wungu : “
Kula paringi izin menawi Damarsandi badhe mbojo kaliyan ndadosaken Anjasmara
kaliyan Dewi Wahita garwa selirmu”
Damarsandi : “Matur nuwun Gusti Ratu, kula bakal ajeg
adil, kaliyan mboten gumedhe”
Kados punika nalika
Damarsandi dipunparingi gelar raja Majapiht, kaliyan dados garwanipun tiga
putri ingkang ayu.
0 Response to "Damarsandi/Damarwulan dlam Bahasa Jawa"
Post a Comment