LEGENDA KALI SERAYU LAN KALI KLAWING ( Basa Banyumasan )





Kanggo wong-wong Banyumas kali Serayu duwe arti sing penting banget. Tembung “Serayu” asale sekang tembung “soroh” (nyerahna) lan “hayu” (urip), sing artine sakabehan penyerahane urip menungsa Banyumas kanggo alam semesta. Kiye awujud pemahaman kosmologi wong-wong tradisional ing papan kuwe, yaiku kauripan menungsa ing donya dadi bagian sing ora kaluput sekang alam semesta. Alam duwe kakuwatan sing dahsyat banget, sing teyeng ngawehi pengaruh apa bae karo kauripan menungsa, ana positif karo negatife.
Pas masane penyebaran agama Hindu, kali Serayu digambar kaya analogi sekang kali Gangga ing India. Ing papan Banyumas ana legenda kali Serayu. Sumber mata air kali kiye sekang pegunungan Diang jenenge Tuk Bima Lukar. Jerene legenda sing nyebar, pembuatan kali Serayu pas acara lomba karo para Korawa sing jumlahe 100 wong, dipimpin Pendhita Drona. Bima nggaweni kali Serayu, lan Korawa nggaweni kali Klawing.
Sedugine ing salah sijining papan, Bima karo punakawan nggelar tiker kanggo ngaso lan madhang. Nanging urung sempet mangan bekel sing disiapake, Bima krungu sorak-sorakane Korawa sing ngrasa yakin bakal menangna lomba kuwe. Akhire Bima ora sida ngaso. Papan kanggo nggelar tiker siki kasebut ‘Dusun Gelaran’. Bima nyawang maring arah Kidul lan katon para Korawa lagi pada pesta ngerayakna kemenangane. Papan kanggo nyawang siki kasebut ‘Dusun Sawangan’ lan papan kanggo pestane korawa kasebut ‘Somakaton’, sing asale sekang tembung para ‘Kusuma wus Katon’. Katelu wilayah kuwe ana ing Kecamatan Somagede, Kabupaten Banyumas. Maras bakal kalah, Bima mbanteri gaweane, lan akhire menangna perlombaan.

0 Response to "LEGENDA KALI SERAYU LAN KALI KLAWING ( Basa Banyumasan )"

Post a Comment