Dipun cariosaken Adipati Wirasaba VI,
Wargautama I mimpin rakyat kadipaten Wirasaba kanthi arif lan wijaksana.
Ingkang nglampahaken pemerintahan, Adipati Wirasaba ndadosaken rakyat kadipaten
Wirasaba gesang gemah ripah lan loh jinawi. Sepeninggalipun Raden Warga utama,
Kalungguhanipun dipun gantos. Raden Bagus Mangun utawi Raden Joko Semangun
putranipun Raden Banyak Sosro. Raden Bagus Mangun lajeng dipun asmani Raden Warga
Utama II. Raden Warga Utama II maringaken palempahanipun Kadipaten Wirasaba kangge
4 putranipun. Lajeng Raden Warga Utama II dipun asmani Adipati Mrapat lan 4
daerah menika dipun asmani istilah “Catur tunggal” inggih puniku Purbalingga, Banjarnegara,
Cilacap, Lan Banyumas. Asmanipun Banyumas asalipun saking tembung Banyu lan
Emas. Dipun cariosaken Adipati Mrapat angsal wangsit ingkang nyebataken nalika kalungguhipun
dados dumugi putra cucu pramila Adipati Mrapat ndadosaken Palemahan kangge Pusat
pemerentahan. Palemahan menika ing kilen dusun kejawar, ing dusun menika wonten
wit-witan ingkan asmanipun wit tembangan. Ingkan dipun gadeh warni kados emas. Kanthi
pemikiran saking tiyang ingkang wasis, lajeng Adipati Mrapat mutusaken badhe nglampahaken
wangsit menika. Adipati Mrapat lan rakyat lajeng ndamel dusun kangge pusat
pemerentahan. Nalika rakyat ndamel pusat
pemerentahan, wonten kayu ageng kendang ing lepen Serayu ingkang asmanipun “Kayu Emas” saking
daerah Karang Jambu, Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja, Kadipaten
Purbalingga. Kayu menika ngantos dumugi daerah pembangun,Adipati Mrapat trenyuh
lajeng kayu Emas menika dipun pundhut. Lajeng dipun dadosaken kangge saking
Balai Si Panji. Amargi menika asmanipun kayu Emas lan kendang ing lepen, dados
pusat pemerentahan menika dipun asmani “BANYUMAS”. Sesampunipun Adipati Mrapat seda,
lajeng dipun gantos kaliyan putranipun ingkang turun- temurun inggih puniku :
R. Ng. Mertasura I, II, III, R. Ng. Mertayudas lan Saterasipun.
0 Response to "ASAL MULA KEDADEAN BANYUMAS"
Post a Comment