Jeneng desa Sukolilo kecamatan Sukolilo
Kabupaten Pati, ana gegayutane karo legenda Ki Ageng Giring lan Ki Ageng
Pemanahan. Ceritane nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan lagi goleki kakang
seperguruane yaiku Ki Ageng Giring sing manggon ana ing Dukuh Garengan
Wonokusuma. Nanging dina iku Ki Ageng Pemanahan kurang beja, merga Ki Ageng
Pemanahan ora langsung ketemu karo Ki Ageng Giring ning omahe merga nembe wae
macul ning tegalan. Nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan ditemoni karo Nyai Ageng
Giring.
Nyai Ageng Giring gumun merga wis suwe ora pethuk karo Ki Ageng Pemanahan,
dhewekke sok-sok ora percaya, kok kadingaren Ki Ageng Pemanahan dolan nyang
omahe.
Ki Ageng Pemanahan uwis suwe ra ketemu, merga kuwi dhewekke ora bakal bali
yen durung pethuk karo kakang seperguruane.
Ndilalah dina kuwi Nyai Ageng ora duwe opo-opo kanggo sugatan, dhewekke
kelingan yen isih duweni degan siji ning pawone, degan mau banjur dijipuk lan
diwenehna Ki Ageng Pemanahan, merga saking ngelakke Ki Ageng gelem nrima degan
mau banjur diombe.
Let sedela Ki Ageng teka saka tegalan, raine katon abang mbranang merga
ngerti yen degane diombe adhi seperguruane. Dhewekke nesu marang Nyai Ageng.
Nyai Ageng banjur sujud njaluk ngapura merga klalen apa sing wis dipesenke Ki
Ageng Giring yen degan kuwi mau ora oleh diombe sapa-sapa.
Ki Ageng pemanahan golek akal piye bisane amarah Ki Ageng Giring suda merga
perkara degan sing wis kebanjur diombe. Ki Ageng Pemanhan krasa salah banget
lan njaluk ngapura karo Ki Ageng Giring merga wis wani-wani ngombe degan mau.
Sawise amarahe Ki Ageng suda, Ki Ageng Paemanahan pamitan arep bali lan nalika kuwi dhewekke diterke Ki Ageng Giring nganti tekan Talang Tumenggung merga Ki Ageng Giring mung bisa ngaterke mnganti tekan kono.
Sawise amarahe Ki Ageng suda, Ki Ageng Paemanahan pamitan arep bali lan nalika kuwi dhewekke diterke Ki Ageng Giring nganti tekan Talang Tumenggung merga Ki Ageng Giring mung bisa ngaterke mnganti tekan kono.
Sedurunge pisah karo kakang seperguruane
Ki Ageng Pemanahan njaluk ngapura yen ana tingkahe sing bisa gawe lara ati Ki
Ageng Giring, kabeh lelakon sing wis kebanjur kedaden magepokan karo degan sing
wis diombe banyune, dhewekke ya ora ngerti, sak “sukolilone” Ki Ageng
Giring dhewekke njaluk ngapura marang Ki Ageng Giring.
Lokasi Talang Tumenggung kuwi dadi saksi pangucape Ki Ageng Giring lan Ki
Ageng Pemanahan saenggo tembung sukolilo pungkasane dadi jeneng kademangan
Sukolilo, lan saya suwe merga anane perkembangan, jeneng Kademangan diganti
dadi Pemerintahan desa sing diwenehi jeneng desa Sukolilo nganti seprene.
0 Response to "ASAL MULANE DESA SUKOLILO"
Post a Comment