Panembangan kuwi artine nimbang utawa imbang. Dadi,
Panembangan kuwi desa sing imbang, ora kemajuen lan ora kemunduren sekang desa
liane. Panembangan ana sing ngomong desa pertengahan, yakuwi desa sing ora
keunggulen lan ora kemrosoten, ora kesugihen lan ora kemlaraten. Artine, desa
kiye bisa ngimbangi desa – desa sing liane. Ganune Desa Panembangan urung
kebentuk tembe ana grumbul – grumbul tok sing urung pada gabung dadi desa.
Grumbulle kuwi grumbul Sabrang Kulon,
Sabrang Wetan, Pesurung, dan Tawanggati. Tahun 1830-an, Kyai Ngabei Singadipa
(eyang Singadipa)nggabungna grumbul – grumbul neng duwur dadi desa, sing
dijenengi desa Panembangan.
Neng desa Panembangan ana
3 tokoh sing penting, sing melu merjuangna Desa Panembangan pertamane. Tokoh – tokoh kuwi mau yaiku “Mbah
Iskandar” pendatang sekang Jawa Timur sing ndirikna pondok pesantren neng
Grumbul Cileweng, RW II, Panembangan. Mbah Iskandar yairku pejuang keagamaan
sing pertama neng Panembangan. Terus, ana pejuang liane yakuwi pejuang
pertanian Desa Panembangan sing jenenge “Kaki Prayadita. Tokoh sing paling
dikenal seteruse neng Panembangan yakuei Kyai Ngabei Singadipa utawa “Kyai
Singadipa”. Singadipa salah siji tokoh nasional sing melu perang lawan penjajah
Belanda neng Panembangan. Selain kuwi Singadipa salah sijine sikil tangane
Pangeran Diponegoro sing biasa nggawakna tongkate.
Jeneng
cilike Singadipa kuei Nur Katon. Singadipa mesih keturunan Keraton Solo.
Singadipa duwe gelar Kyai Ngabei Singadipa. Gelar Kyai diwei neng penduduk
sebabe Singadipa kuwi ahli agama. Sateruse Ngabei kuwi gelar sing diwei neng
Keraton Solo. Seliane duwe gelar Kyai Ngabei Singadipa, beliau ugi duwe gelar Raden Nurkaton Adimanggolo Prawiro. Beliau duwe
keistimewaan neng bidang ketatanegaraan lan beliau ugi dadi lurah prajurit
Ajibarang.
Pas lagi nglawan
penjajahlan mlayu sekang Belanda, Kyai Ngabei Singadipa nganggo sistem gerilya
sing dijenengi “Umpetang Jeroning Kemben” yakui umpetan nganggo cara dadikna
salah siji wong wadon sing neng nggon umpetane dadi bojone. Dadu, Kyai Ngabei
Singadipa bojone akeh miturut sejarah, Kyai Ngabei bojone ana 6, salah sijine
ana sing neng Panembangan sing jenenge Nyi Jaga. Anake Singadipa Ana 23. Anake
singadipa akeh sing dadi Demang. . Dipadrana kuwi anake Singadipa sing dadi
Demang neng Panembangan.
Hasil wawancara
dengan Ahmad Zaenuri (Sejarawan Desa Panembangan dan Juru Kunci Makam Kyai
Ngabei Singadipa),
Senin 22 Juli
2013 pukul 14.00 - 16.00
0 Response to "BABAD DESA PANEMBANGAN DALAM BASA JAWA (Banyumasan)"
Post a Comment