Legenda Curug Cipendok





            Jeneng Curug Cipendok esih ana gandeng jenenge karo cerita perjuangane Pangeran Diponegoro. Perang mau peperangan lawase limang taun (1825-1830) antarane Pangeran Diponegoro karo Pemerintahn Kolonial Hindia Belanda. Peperangan mau sing menang Belanda. Kabeh wewengkon Kraton Surakata yakue Kedu, Magelang lan Banyumas kasebut wewengkon Dulangmas lan dikuasai dening pemerintahan kolonial, lan nganakake perjanjian singdi jelengi Perjanjian Dulangmas.
            Salah sijining telatah Banyumas, yaiku Ajibarang diwengku dening wedono sing jenenge Raden Ranusantika. Sajerone ngayahi kerja paksa, nebang alas, sakitare Gunung Slamet kanggo perkebunan. Selawase 8 wulan anggone mbabat alas. Sing di pimpin dening panjenenganipun, ora rampung lan ana kedadian sing aneh-aneh. Wit-witan sing rampung di tebang, esuke tukul kaya maune sing durung di tebang. Kadadean mau ora sepisan nanging kopang kaping dadekake puyeng Raden Ranusantika.
Nembe sekiye ana babagan sing aneh-aneh terus Raden Ranusantika ndedonga nyenyuwun karo gusti Allah , sakwetoro suwe anggone semedi ora olih petunjuk lan di rampungake. Raden Ranusantika mikirake kadadean-kadadean sing aneh-aneh karo mancing sacedake grujugan banyu. Ora suwe pancinge ana sing narik-narik, nganti walisane mlengkung. Bareng di angkat Raden Ranusantika kaget, sebabe dudu iwak sing kena malah rerupa pendok utawa cincin rangka keris rupane kuning sinare kaya emas. Bareng dicedeki Raden Ranusantika weruh bangsa alus akeh banget nang sekitare alas sing di babat mau. Sing wurungna pegaweanne Raden Ranusantika.
Saka usulane Bredes Santa, sing dadi mandor grujugan ganu sing nggo mancing Raden Ranusantka lan olih pendok keris, grujugan banyu kuwi di jenengi Curug Cipendok. Lan bangsa alus sing wewujudan peri, jenengi Dewi Masinten Putri Sudhem lan gelem mbiyantu ngrampungna mbabat alas kanthi becik. Dewi Masinten Putri Sudhem kaboyong dhumateng Kadipaten Ajibarang, dipun dadosaken garwo padmi (selir) Raden Ranusantika.


                                                            NADYA PRATIWI ADE RACHMAWANI
                                                                                XI MIA 1 / 31

0 Response to "Legenda Curug Cipendok"

Post a Comment