PECETIKA
VI 2014
PECETIKA ( Pemilihan Da’I Remaja,
LCCI, Tilawati Qur’an kaliyan Kaligrafi ) tahun 2014 di wontenaken tanggal 12
Januari 2014 saking wayah 7 enjang dumugi wayah setengah gangsal sonten wonten
SMA N 2 Purwokerto. PECETIKA tahun saniki wonten lomba ingkang enggal inggih
menika lomba hadroh.
Pesertanipun wonten 295 lare,
cacahipun ingkang ndherek langkung katah tinimbang PECETIKA setaun ingkang
kepengker. Sekolah ingkang diundang wonten 160 saking BARLINGMASCAKEB,
Pemalang, Tegal kaliyan Brebes. Ruangan ingkang digunakaken kangge lomba,
inggih menika : lomba Pildarem wonten R. 20 kaliyan R. 37; kangge lomba hadroh
wonten ing bangsal; lomba kaligrafi wonten R. 11, R. 12, lan R.13; kangge lomba
Tilawati Qur’an ing R. 30 lan R. 31; lan kangge lomba LCCI wonten ing R.1, R.2,
lan R.3. Kanthi persiapan ingkang sae lomba – lomba wau saged dilampahi ugi
kanthi sae. Nanging kangge penutupan boten kados rancanganipun amargi lomba
Pildarem diwontenaken tanding ulang amargi wonten kalepatan anggenipun mbiji.
Juara umum PECETIKA tahun saniki inggih
menika saking SMP N 2 Purwokerto.
0 Response to "Contoh Warta Bahasa Jawa Babagan PECETIKA"
Post a Comment