Contoh Naskah Pidato Dalam Basa Jawa



Dinten Kamardikaan Indonesia ingkang Kaping 69

Assalammu’alaikum Wr.Wb
Ingkang kinurmatan para pengurus Desa Pejogol
Ingkang kinurmatan para pengurus Ormas
Lan para warga ingkang kinurmatan lan lare – lare enem ingkang kula tresnani
                Ingkang kaping satunggal, sumangga kita sedaya manjataken puji syukur marang Gusti ingkang maha kuwaos. Kangge nikmat ingkang sampun diparing Gusti Allah, yaiku nikmat longgar, nikmat sehat, nikmat waras, lan nikmat kamardikaan niki. Sahinggo kita sedaya saged makempal teng mriki badhe mriahaken dinten kamardikaan ingkang kaping 69.
                Kula aturaken matur nuwun kaliyan para warga ingkang sampun dateng mriki lan badhe mriahaken dinten kamardikaan Indonesia ingkang kaping 69. Saderenge adicara dpunwiwiti kula badhe cariyosaken sakedik perjuangannpun pahlawan kangge ngrebut kamardikan sekang penjajah. Indonesia niku sampun dijajah neng bangsa manca kurang lewihe 350 taun. Bangsa Indonesia mboten bebas, menapa – menapane niku kudu manut maring penjajah. Uripe sengsara, jarang wonten panganan. Hasil bumi niku digondol penjajah sedoyo, mung dibayar sakedik sanget, malah sering  mboten dibayar. Kangge bebas saking penjajah niku mboten gampang. Kudu berjuang kangge perang ben penjajah minggat saking indonesia. Jaman gemien niku perjuanganipun pahlawan mboten sakedik nanging katah sanget, tuladhanipun inggih menika korban harta, korban nyawa, lan teksih katah malih. Lan ingkang penting sanget niku rerasaning persatuan bangsa kangge ngrebut kamardikaan. Nek mboten wonten persatuan alias teksih kedaerahan mboten  bakalan saged  ngrebut kamardikaan. Lah mbarang perang dunia ingkang kaping 2, Jepang kalah neng Amerika mergane kota Hiroshima lan Nagasak ditibani bo atom, banjur mbaran kue Jepang bali marang negarane dewek. Wektu semono Indonesia mboten wonten penguasanipun, banjuran dipunginaaken kangge proklamasina kamardikaan Indonesia tanggal 17 Agustus taun 1945. Barang sampun proklamasi, Belanda dereng nrima kamardkaan Indonesia lan pengin nguasani malih. Banjur nganakna sing jenenge Agresi Militer Belanda I lan Agresi Militer Belanda II. Bangsa Indonesia mati – matian kange pertahanna kamardikaan Indonesia. Pokoke nek ra merdeka mending mati perang lawan Belanda.  Mergane kados niku kita sedoyo kudu ngregani perjuangaipun pahlawan lan tetep jaga persatuan, ampun pada tawuran. Saniki niku Indonesia kritis moral lan budhi pekerti, katah pelajar ingkang tawuran mung gara – gara masalah sepele sing digedek – gedekna. Mulane saniki kurikulum 2013 sing dipentingaken sanget  niku akhlakipun murid, ingkang dipunarep – arep niku mangke tahun 2045 Indonesia ngalami sing jenenge masa emas. Masa ingkang napa – napane niku maju, maju teknologine, maju ekonomine lan sae – sae tiangipun.   Initine niku kula lan rika sedoyo kudu nerusaken perjuangan para pahlawan kangge majuaken Indonesia ben bisa dados Indonesia emas lan ingkang boten kalah pentingipun niku tetep jaga persatuan lan kesatuan.
Kula aturaken matur nuwun marang warga masyarakat ingkang sampun mirengaken kula lan ingkang dherek mriahaken dinten kamardikaan niki. Cekap semanten, mbok bilih wonten kalepan kula nyuwun pangapunten.
Akhir walihada
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 Response to "Contoh Naskah Pidato Dalam Basa Jawa "

Post a Comment