Kesenian Buncis



Nami Buncis ing Banyumas mboten namung nami sayuran nanging ugi nami kesenian rakyat.  Buncis inggih menika salah satunggaling pertunjukan rakyat ingkang dipuntariaken dening 8 wong lan sekaligus penyayi. Agemanipun kangge para penari gangge kaos rumbai rumbai , rumbai rumbai menika kangge nutupi aurat. Lan sirahipun ditutupi kaliyan  mahkota saking wulu pitik. Piranti musik ingkang digunaaken ngggih menika angklung ingkang laras slendro. Saben pemain mbeto piranti musik ingkang nadanipun benten benten. Enem pemain mbeto piranti ingkang nadanipun 2 (ro), 3 (lu), 5 (ma), 6 (nem) 1 (ji duwur) dan 2 (ro duwur). Lan liyane nyepeng kendhang lan gong bumbung. Alunan musik ing seni Bunvis menika mboten teratur ,  saking enem nada , 5 instrumen menika dipunmainaken , caranipun nggih menika dipun kocok utawi dipun obahaken  utawi nyajiaken balungan gendhing. Instrumen ingkang disajiaken namung setunggal.
Mula bukane kesenian Buncis nggih menika wiwitan perjuangan ingkang gadhah kreatifitas kaendahan kesenian. Konon, tembung Buncis menika jarwo dhosok ingkang artinipun ‘bundhelan cis”. Artinipun bundhelan inggih menika sekabehane ingkang dipunanggep duwe arti, lan kudu dicekel teguh. Lan cis artinipun sekabehane pangucapan ingkang medal saking lati. Dadosipun abuncis nggih menika tembung-tembung paraleluhur ingkang kedah dicekel teguh , didadosaken dasar ing panguripan. Teras, tembung-tembung napa ingkang dipunmaksud? Inggih menika tembung-tembung saking pemimpin, inggih menika Pangeran Diponegoro. Buncis ugi didadosaken kanggen piranti perjuangan, nalika Indonesia dereng merdeka. Mboten namung piranti kangge perjuangan , seni buncis ugi diginaaken kangge media ekspresi kahendahan. Ing alenia wiwitan sampun dipunjlentrehakan babgan piranti musik, selajengipun tembang tembang ingkang diengge kangge ngiri seni buncis nggih menika Eling eling, Ricik ricik, Kulu kulu, Blendrong Kulon, Rengggo Manis, Pacul Gowang , Gudril, Dhoplang, lan sanes sanesipun. Seni buncis mboten mbutuhaken tlatah khusus, buncis namung mbutuhaken tlatah ingkang amba, biasanipun buncis manggon ing lapangan. Ing satengahing pertunjukan, para pemain biasanipun mendem(wuru). Seni pertunjukan ingkang memper kaliyan seni buncis nggih menika tarian lengger, ebeg, aplang, lan sintren.  Seni Buncis ugi gadhah filosofi, filosofinipun nggih menika wonten kaitanipun kaliyan panguripan lan system kepercayan masyarakat.  Menawi sekabehane pengucapan ingkang sampun medal saking lati kedahipun dipun genggem , mboten malah diiingkari. Pengucapainipun dipun dadosaken kanggen pondasi panguripan. Pangucapan menika kados busir pana,h,nalika sampun ucul saking busur, panah menika mboten saged mbalik malih. Sami ugi kados pangendika, nalika sampun medal saking lati , mboten saged ditarik malih, mbuh niku pangucapan ingkang sae napa pangucapan ingkang nglarani ati wong liya.


0 Response to "Kesenian Buncis"

Post a Comment