Lenggeran kuwe seni dram tradisional
Banyumasan sing dipadu karo seni tari ugadialog. Jenis keseniyan rakyat kiye
biasa digelar nang lapangan utawa pelataran umah sing duwe hajatan. Lenggeran
paling sethitik lengger wadon ditambah badhut (lanang) sing metu ing tengah –
tengah pagelaran.
Musik pengiringe kuwe
biasane nganggo calung Banyumasan. Lan ing pungkasaning pagelaran, biasane
penonton ulih munggah panggung joged bareng lenggere kambi aweh saweran maring
lenggere mau.
Urut-
urutane lenggeran
Babak lenggeran
Babk lenggeran utawa babak
perkenalan kiye diwiwiti 2 lengger sing munggah maring panggung utawa tengah
lapangan, terus ditepungna maring penonton. Bar dikenalna lengger kuwe mau
njagong timpuh ngadep marang paraniagan.
Samba diiringi lagu ricik –
ricik kang ditembanganke sinden, lengger wiiwit nglengger “joged” trep karo
wiramane calung Banyumasan, bar kuwe lengger mlaku alon – alon ( ora joged)
ngibengi papan sing kanggo nglengger kambi nembang sekar gadhung dikantheni
swara kendang lan gong, banjure kuwe lagu jedhandu ( karo joged ) rampung banjur
lenggere timpuh sinambi nembang selagu maning.
Babak
badhutan
Badhut dilakoke wong lanang,
guanane kanggo nyegerake swasana. Badut kudu pinter nglawak, pinter joged lan
uga nembang. Badut biasane nganngo topeng badhut.
Nang babak badhutan kiye,
badut karo lengger joged bareng sinambi gineman. Gineman mau kundu ngandut
makna lelucon, kritikan sosial, kemasyarakatan, sindiran lan ironis ben lair
swasana permasaalahan utawi konflik kemasuarakatan.
Jogedanne badhut kudu lucu,
lan tembange uga ora pakem, bisa dipedhot – pedhot kanggo nyisipi kritikan.
Babak
jaran calung
Babak kiye diparagake karo
si badhut sing diwiwiti bar lengger ganti busana tari baladewahan, banjur
badhut labuh njoged nganggo jaran kepang. Badhut kudu joged nganggo gaya khas
jaran kepang sinambi diiringi callung gendhing kuda kepang lan nembang lagu
rakyat lenggang kangkung.
Gaya tariane kudu dinamis
sing tegese duwe makna nantang utawa berontak maring situasi kemelut neng
masyarakat. Kambi joged gaya emosi utawa nepsu jengkel sing di seseli ekspresi
mendem, si badhut kudu cokan keton lucu mligine gerakane kareben penonton
seneng. Kuwe uga ditambahi karo tontonan mangan sesajen kang wis dicawisake.
Adegan neng babak jaran calung kalebu babak inti permasalahan, tegese krisis
neng tengah masyarakat kuwe wis ndadi. Penontong kagiring suwasana sing tegang.
Babak
Baladewaan
Babak baladewaan kiye intine
yakuwi adhegan tarian baladewaan sing duwe makna nyuwun marang gusti Allah lan
ngucapna syukur sebab pagelaran lengger wis rampung, lancar, lan tertib. Babak
baladewaan kiye dadi perthandhane menawa pagelaran meh bubar. Dadi maknane dadi
tahap ngrampungi/pungkasane masalah/krisis sing anan ing masyarakat.
Disalin sekang LKS Basa Jawa
Banyumasan Kelas XII semester 1
0 Response to "Kesenian Lengger"
Post a Comment